Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Pembawa Acara (MC) Lamaran Bahasa Jawa

Contoh Pembawa Acara (MC) Lamaran Bahasa Jawa
Ilustrasi Photo Unsplash

 

Berikut ini adalah contoh teks pembawa acara lamaran dalam adat jawa menggunakan bahasa jawa halus. Biasanya digunakan dalam acara pernikahan dengan adat jawa.

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Katentreman, kawilujengan, kabagaswarasan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.

 


Nuwun, sanggyaning para pinisepuh sesepuh ingkang pinundhi-pundhi. Para tamu kakung putri ingkang winengku suka basuki. Mliginipun wonten ngarsanipun Bp. …………… sekaliyan garwa lan gotrah, ingkang sanget kinabekten.


Linambaran kanthi ngunjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang Maha Mirah lan Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kabahagyan saha katentreman. Katitik ing siyang punika kula panjenengan sedaya saged makempal ing ndalem ngriki, boten wonten alangan satunggal punapa.


Nuwun sagunging para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan. Keparenga kula cumanthaka marak sowan ing ngarsa panjenengan sadaya, awit awrat ngemban.dhawuhipun Bapa. …………… sekaliyan, kinen dados talanging basa/ pranatacara, nglantaraken titilaksana adicara lamaran ing enjang punika, nun inggih kang putra putri sesilih nimas ayu …………….
Dene rantaman adicara lamaran ing ri kalenggan punika:
Sepisan    
                : Pambuka
Kaping kalih    
        :  Wedharan lamaran saking kulawarga  p. ………… ingkang dipunsulihi Bp.
    ……………
Kaping tiganipun   : Waluyan lamaran saking kulawarga Bp.     ………. Ingkang dipunsulihi Bp. ......…
Kaping sekawan   :  Ular-ular/ wursitawara dening Bp. .......... 

Kaping gangsal     :  Sumene sawetawis/ nikmati dhahar     siyang
Kaping nenem       :  Donga/ hastungkara dening Bp. ……… 

Kaping pitu            :  Panutup
Bapak ibu saha para tamu sadaya ingkang sanget kula urmati. Mekaten rantaman adicara lamaran ing siyang punika. Salajengipun, sakderengipun acara punika kawiwitan, mangga sareng-sareng manungku puja nyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, murih rancaging adicara ing siyang punika.

Manungku puja kawiwitan…. Salajengipun ndungkap titilaksana adicara salajengipun nun inggih pangandikan/ wedharan lamaran saking kulawarga Bp. ……………, ingkang badhe dipunsulihi Bp. …………… kasumanggakaken. Nuwun.

Selanjutnya urutan acara lainnya bisa dikembangkan sendiri hingga urutan acara selesai. Itulah Contoh Pembawa Acara (MC) Lamaran Bahasa Jawa yang bisa digunakan dalam acara dimasyarakat. Bagi anda yang ingin belajar tidak ada salahnya karena ketika anda menguasai keahlian ini akan bermanfaat bagi orang lain di lingkungan kita.


 

Post a Comment for "Contoh Pembawa Acara (MC) Lamaran Bahasa Jawa"