Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Pidato Atur Pambagyaharja Ngunduh Mantu


 

Berikut adalah ini adalah contoh teka atur pambagyaharja ngunduh mantu untuk pengantin laki-laki atau bahasa jawanya temanten kakung. Dalam pernikahan adat jawa sesi ini pasti ada yang disampaikan oleh perwakilan dari pihak keluarga pengantin laki-laki.

Assalamu alaikum wr.wb
 Katentreman, kawilujengan, kabahagyan, mugi kajiwa kasarira wonten ngarsa panjenegan sadaya, waradin sagung dumadi. Amien

 


Nuwun, wonten ngarsanipun:  Para Pinisepuh sesepuh ingkang tansah pinundhi-
pundhi, Para  Alim,  para  Ulama,  para  Kyai  Ustad  sarta Rochaniawan ingkang sanget dipun mulyakaken dening Allah SWT,

Para Tamu kakung putri ing sanget kula hormati,  Sakderengipun    kula    matur,    mangga    sami ngunjukaken Puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, Taufiq, Hidayah lan Inayahpun, katitik ing siang menika kula panjenengan sadaya makempal kanthi kebak raos katentreman, kawilujengan mboten wonten alangan satunggal punapa.

Bapak saha Ibu ingkang winantu ing suka basuki. Kula atas nami pamengku gati panjenenganipun Bp……. sekaliyan   garwa,   kepareng   matur   wonten   ngarsa panjenengan:


Sepisan
Panjenganipun Bp saha Ibu ……………. ngaturaken pambagya wilujeng, mliginipun dhumateng Bp/Ibu………… (Besan) wonten ing dalem mriki   kanthi wilujeng nir  ing sambekala.


Kaping kalih
Ngaturi wuninga bilih ing wedal menika Bp …………… sekaliyan ngawontenaken tasyakuran ngundhuh mantu putra   kakungipun   nami…………….I   ingkang   sampun daup kaliyan nimas ayu………………     putrinipun Bp/Ibu…………… saking ………………. Ijab Qobul sampun kelampahan  dinten     …………..surya kaping………………… Kanthi menika Bp……………..
sekaliyan garwa tansah nyuwun donga pangestu panjenengan, mugi-mugi sri penganten manggih gesang bagya mulya, tentrem ayem kebak mawadah lan waromah, temah dados kluwarga ingkang sakinah. Amien.


Kaping tiganipun:
Bp……………..sekaliyan, nglenggana/ngrumaosi bilih anggenipun nampi panjenengan kathah kelepatan saha kekirangan,sedaya kalawau kula ingkang nyuwunaken pangapunten.
Pungkasaning atur, kula ingkang kadhawuhan makili panjenenganipun Bp………………  sekaliyan, temtu kathah kekirangan saha lepatipun, ingkang menika kula nyuwun agunging pangaksama.Nuwu 

Wassalamu alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Itulah contoh teks pidato Atur Pambagyaharja Ngunduh Mantu yang biasa digunakan dalam pesta pernikahan yang menggunakan adat jawa. Untuk memperkaya kosa kata anda bisa belajar sendiri menambah kosa kata bahasa jawa halus

Post a Comment for "Contoh Pidato Atur Pambagyaharja Ngunduh Mantu"